A. Parikan Rong gatra
- Nyangking peti isi boto
Ning ati tasah nelongso
- Arep mangan lawuh tempe
Dikiro tenan malah Pehape
- Tuku duku soko indramayu
Aku ngerti atimu
- Ono lowo nyemplung gapuro
Kulo nyuwun pangapuro
- Abang mbranang kembang mlati
Wong lanang ojo kemlinti
- Blonjo gulo karo tomat
Ayo konco podo tobat
- Tuku koko nang pasar pitu
Aku tresno marang sliramu
- Rendang babat isi tomat
Ndang tobat selak kiamat
- Rosok budhe dituku somat
Mbesok gede dadi pejabat
- Paijo tuku dadu
Ojo ngajak padu
B. Parikan patang gatra
- Iki ijo
Kuwi Biru
Rasah maido
Tiwas padu
- Nandur pari
Jebule rugi
Iso ngandani
Raiso nglakoni
- Bengi-bengi nemu lowo
Lowo ne ono ing wit telo
Dadi bocah ojo sembrono
Kudu taat marang wongtuo
- Tuku telo karo tempe
Ora lali komplit es e
Aku tresno karo kowe
Saiki lan selawase
- Pacar e gisel jenenge gading
Yen mantane rafi kuwi yuni
Ora cedak ora nyanding
Yen wis nyanding ojo dilarani
- Mlaku-mlaku nang maspati
Ora lali tuku sate kelinci
Dadi guru kudu ngerti
Ben murid e ora loro ati
- Rio blonjo buah tomat
Blonjo ne nang amerika serikat
Ayo konco podo tobat
Ojo nganti nyesel nang akhirat
- Isuk sore podo sholawatan
Ngirim dongo karo sing kuoso
Urip iku amung pisan
Ojo digawe susah lan nelongso
- Ngisor asem enek wong topo
Sing topo jenenge jalal
Nilai elek ora popo
Sing penting tetep halal
- Bagong iku hobi ngukir
Sing diukir arek suroboyo
Ngomong kuwi kudu dipikir
Ojo sampek gawe sengsoro
Tampilkan postingan dengan label Parikan. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Parikan. Tampilkan semua postingan
Parikan Jawa
Rabu, 08 Mei 2013
Diposting oleh Unknown 0 komentar
Label: Parikan
Langganan:
Postingan (Atom)